9 ”Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan kandha, ’Kowé kudu adil wektu ngadili.+ Duduhna katresnan*+ lan rasa mesakké marang wong liya. 10 Aja ngapusi randha, anak yatim,*+ wong asing,+ utawa wong mlarat.+ Aja nggawé rencana jahat marang wong liya.’+
27 Kanggoné Gusti Allah, Bapaké awaké dhéwé, ibadah sing suci lan ora najis kuwi kaya ngéné: ngopèni anak yatim piatu,+ ngopèni para randha+ sing sengsara,+ lan ngedohi tumindak sing najis saka donya iki.+