-
Wilangan 13:26, 27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 Terus, mata-mata kuwi padha nemoni Musa, Harun, lan kabèh wong Israèl ing Padhang Belantara Paran, ing Kadès.+ Mata-mata kuwi nyampèkké laporan marang kabèh wong Israèl lan nduduhké buah-buahan saka tanah Kanaan. 27 Mata-mata kuwi kandha marang Musa, ”Aku wis mlebu ing tanah sing njenengan kongkon bèn tak parani. Tanah kuwi pancèn akèh susu lan maduné.+ Iki hasilé.+
-
-
Pangandharing Torèt 6:10, 11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 ”Sukmbèn Yéhuwah Gusti Allahmu bakal nggawa kowé menyang tanah sing dijanjèkké marang Abraham, Ishak, lan Yakub, sing bakal diwènèhké marang kowé,+ yaiku kutha-kutha sing gedhé lan apik sing ora mbok bangun,+ 11 omah-omah sing kebak karo barang-barang sing apik sing dudu hasil kerja kerasmu, sumur sing ora mbok gali, lan kebon anggur lan wit zaitun sing ora mbok tandur. Kowé ya bakal mangan nganti puas.+
-
-
Pangandharing Torèt 8:7-9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Yéhuwah wis nggawa kowé menyang tanah sing apik,+ tanah sing ana kaliné, lan mata air sing mili ing lembah lan ing wilayah pegunungan. 8 Ing tanah kuwi ana akèh gandum, barli, anggur, buah ara, delima,+ minyak zaitun, lan madu.+ 9 Ing tanah kuwi ya ana akèh banget panganan, lan kowé ora bakal kekurangan apa-apa. Watu-watu ing tanah kuwi ana wesiné, lan kowé bakal nambang tembaga ing gunung-gunungé.
-