PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésaya 65:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  2 Saben dina Aku ngulurké tangan-Ku marang bangsa sing ndableg,+

      Sing nindakké apa sing ora bener,+

      Lan sing manut karepé dhéwé.+

  • Yérémia 7:24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Tapi, wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké utawa nggatèkké.*+ Wong-wong kuwi malah nuruti karepé* dhéwé lan ndableg nuruti kepénginan atiné sing jahat.+ Wong-wong kuwi ora dadi luwih apik, ning malah dadi luwih èlèk

  • Yérémia 7:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 Ning ora ana sing gelem ngrungokké Aku, lan ora ana sing nggatèkké.*+ Wong-wong kuwi malah ndableg lan tumindak luwih jahat timbang nènèk moyangé.

  • Yèhèzkièl 20:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 ”’”Ning, wong-wong kuwi mbrontak nglawan Aku lan ora gelem ngrungokké Aku. Wong-wong kuwi ora mbuwang barang-barang sing njijiki sing ana ing ngarepé lan ora gelem ninggalké brahala-brahala sing njijiki saka Mesir.+ Mula, Aku mutuské arep nduduhké rasa nesu-Ku. Aku bakal bener-bener nduduhké nèk Aku nesu banget karo wong-wong kuwi ing Mesir.

  • Zakharia 7:11, 12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Ning, wong-wong kuwi tetep ora gelem nggatèkké.+ Wong-wong kuwi ya ndableg+ lan ora gelem ngrungokké.*+ 12 Wong-wong kuwi ndableg*+ lan ora gelem manut karo hukum lan omongané Yéhuwah pemimpiné pasukan sing disampèkké nganggo kuwasané liwat para nabiné mbiyèn.+ Mula Aku, Yéhuwah, pemimpiné pasukan dadi nesu banget.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim