-
Néhémia 9:17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké+ lan ora éling karo tumindaké Njenengan sing luar biasa ing antarané wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi dadi ndableg lan milih pemimpin bèn isa bali dadi budhak manèh ing Mesir.+ Ning, Njenengan kuwi Gusti Allah sing siap ngapura, apikan, gampang mesakké, sabar, lan kebak katresnan sing langgeng,*+ mula Njenengan ora ninggalké wong-wong kuwi.+
-
-
Néhémia 9:29Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
29 Senajan Njenengan ngélikké wong-wong kuwi bèn padha manut manèh karo Hukumé Njenengan, wong-wong kuwi tumindak lancang lan ora gelem ngrungokké préntahé Njenengan.+ Wong-wong kuwi nglanggar préntahé Njenengan, padahal wong bakal tetep urip nèk nindakké préntah kuwi.+ Ning wong-wong kuwi tetep waé ora gelem manut, ndableg, lan ora gelem ngrungokké.
-