PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 29:24-26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Wong-wong kuwi lan kabèh bangsa bakal takon, ’Ngapa Yéhuwah tumindak kaya ngono marang tanah iki?+ Ngapa kok Dhèwèké nesu banget?’ 25 Terus wong-wong bakal njawab, ’Merga wong-wong kuwi wis nglanggar perjanjiané Yéhuwah,+ Gusti Allahé nènèk moyangé wong-wong kuwi. Perjanjian kuwi digawé wektu Gusti Allah nggawa wong-wong kuwi metu saka tanah Mesir.+ 26 Ning, wong-wong kuwi nyembah lan sujud marang allah-allah liya, yaiku allah-allah sing ora dikenal wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi sujud marang allah-allah kuwi senajan wis dilarang Gusti Allah.+

  • 1 Para Raja 9:8, 9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Omah iki bakal dadi reruntuhan.+ Saben wong sing liwat bakal nggumun ndelok kuwi karo ngrèmèhké* lan kandha, ’Ngapa Yéhuwah nganti nindakké iki marang tanah lan omah iki?’+ 9 Terus wong-wong kuwi kandha, ’Iki merga wong-wong kuwi ninggalké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé sing wis nggawa nènèk moyangé metu saka Mesir, lan wong-wong kuwi padha ngetutké, sujud, lan nglayani allah-allah liya. Kuwi sebabé Yéhuwah nggawé wong-wong kuwi kena bencana iki.’”+

  • Kidung Pangadhuh 2:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Kabèh wong sing liwat ing dalan padha keplok-keplok ngécé kowé.+

      Wong-wong kuwi padha ngrèmèhké+ lan gèdhèg-gèdhèg marang kutha Yérusalèm karo kandha,

      ”Iki ta kutha sing jaréné ’mulya banget’ lan ’nggawé kabèh penduduk bumi bahagia’?”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim