13 Ning malaékat kuwi kandha, ”Aja wedi Zakharia. Sing mbok jaluk wis dirungokké Gusti Allah. Èlisabèt bojomu bakal nglairké anak lanang, lan kowé kudu njenengi anak kuwi Yohanes.+
15 Bocah kuwi bakal dadi wong sing penting kanggo Yéhuwah.*+ Ning, dhèwèké babar blas ora éntuk ngombé anggur utawa minuman keras liyané.+ Gusti Allah mènèhi dhèwèké roh suci, malah kèt dhèwèké durung lair.*+