-
Ézra 1:3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Sapa waé ing antaramu sing dadi umaté, muga-muga Gusti Allahé ndhukung wong kuwi. Balia menyang Yérusalèm ing Yéhuda lan bangunen manèh omahé Yéhuwah Gusti Allahé Israèl. Dhèwèké kuwi Gusti Allah sing bener, sing omahé mbiyèn ana ing Yérusalèm.*
-
-
Yérémia 12:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Ning bar Tak cabut, wong-wong kuwi bakal Tak mesakké manèh lan Tak gawa bali menyang tanah warisané lan menyang negarané.”
-
-
Yérémia 25:11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Kabèh wilayah ing tanah iki bakal dadi reruntuhan lan panggonan sing medèni. Bangsa-bangsa iki kudu nglayani raja Babilon 70 taun suwéné.”’+
-
-
Yèhèzkièl 36:24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 ’Kowé bakal Tak gawa bali saka bangsa-bangsa lan Tak klumpukké saka kabèh negara, terus Tak gawa menyang negaramu.+
-