-
Yérémia 50:9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Aku nglumpukké bangsa-bangsa sing kuwat saka tanah lor.+
Aku nggawé bangsa-bangsa kuwi nyerang Babilon.
Bangsa-bangsa kuwi bakal ngatur barisan tempur kanggo nglawan Babilon,
Lan Babilon bakal direbut.
Anak panahé bangsa-bangsa kuwi kaya anak panahé pejuang,
Sing nggawé wong tuwa kélangan anaké,+
Sing ora tau mlèsèt saka sasarané.
-
-
Yérémia 51:27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
27 ”Wènèhana tandha ing tanah kuwi.+
Sebulen trompèt ing antarané bangsa-bangsa.
Kandhanana bangsa-bangsa bèn siap-siap nyerang dhèwèké.
Undangen* kerajaan Ararat,+ Mini, lan Askénaz+ bèn nyerang dhèwèké.
Tugasna wong bèn nglumpukké pasukan kanggo nyerang dhèwèké.
Klumpukna jaran-jaran sing akèhé kaya walang enom.
-