PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 51:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  7 Mbiyèn, Babilon kuwi kaya gelas emas sing dicekel Yéhuwah.

      Babilon wis nggawé kabèh bangsa ing bumi padha mabuk.

      Bangsa-bangsa dadi mabuk merga angguré.+

      Kuwi sebabé bangsa-bangsa dadi édan.+

  • Kidung Pangadhuh 4:21
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 Hé kowé wong Édom+ sing manggon ing negara Uz, padha seneng-senenga.

      Ning, kowé bakal tetep diwènèhi gelas,+ kowé ya bakal mabuk lan wuda.+

  • Yèhèzkièl 23:32-34
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 32 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah:

      ’Kowé bakal ngombé saka gelasé mbakyumu, gelas sing gedhé,+

      Yaiku gelas sing akèh isiné.+ Kowé bakal diécé lan digawé isin.

      33 Kowé bakal ngombé nganti entèk saka gelasé mbakyumu, yaiku Samaria.

      Kowé bakal mabuk lan sedhih.

      Kowé bakal kewedèn lan ditelantarké.

      34 Gelas kuwi bakal mbok ombé nganti entèk resik,+ lan pecahan gelas tanah liat kuwi bakal mbok pangan.

      Kowé bakal nyabik-nyabik payudaramu.

      ”Aku wis ngomongké kuwi,” kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.’

  • Nahum 3:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  7 Saben wong sing ndelok kowé bakal mlayu ninggalké kowé+ lan kandha,

      ’Niniwé wis dihancurké.

      Sapa sing bakal mesakké dhèwèké?’

      Sapa sing isa nggawé kowé ora sedhih manèh?

  • Nahum 3:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Kowé ya bakal mabuk.+

      Kowé bakal ndhelik.

      Kowé bakal mlayu saka mungsuhmu.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim