-
Yèhèzkièl 26:7, 8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku bakal nyebabké Nébukhadnézar* raja Babilon nyerang Tirus saka lor.+ Dhèwèké kuwi rajané para raja,+ sing nduwé jaran,+ kréta perang,+ prajurit sing numpak jaran, lan tentara sing akèh. 8 Dhèwèké bakal matèni penduduk sing ana ing désa-désamu nganggo pedhang. Dhèwèké bakal mbangun témbok lan ngepung kowé. Dhèwèké bakal nyerang kowé karo nggawa tamèng sing gedhé.
-