-
2 Para Raja 24:14, 15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Terus, dhèwèké nawan kabèh penduduk Yérusalèm, kabèh pemimpin,+ kabèh pejuang sing hébat, para pengrajin logam,*+ lan pengrajin liyané. Ana 10.000 wong sing ditawan. Ora ana sing ditinggal, kecuali rakyat sing mlarat banget.+ 15 Bar kuwi, Yéhoyakhin+ ditawan ing Babilon.+ Raja Babilon ya nggawa ibuné raja, bojoné raja, para pejabat istanané, lan wong-wong penting liyané ing negara kuwi, kabèh digawa saka Yérusalèm kanggo didadèkké tawanan ing Babilon.
-
-
Yérémia 24:1Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Terus, Yéhuwah nduduhké marang aku rong kranjang buah ara sing didèlèhké ing ngarep baité Yéhuwah. Kuwi ditindakké sakwisé Yékonia*+ anaké Yéhoyakim,+ yaiku raja Yéhuda, para pejabat Yéhuda, para pengrajin logam,* lan para pengrajin liyané digawa Nébukhadnézar* raja Babilon saka Yérusalèm menyang Babilon+ kanggo didadèkké tawanan.
-
-
Danièl 1:2, 3Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Yéhuwah nyerahké Yéhoyakim raja Yéhuda lan sebagéan peralatan baité Gusti Allah sing bener marang Nébukhadnézar.+ Nébukhadnézar nggawa kabèh kuwi menyang kuilé déwané ing tanah Syinar*+ lan ndèlèhké kuwi ing panggonan nyimpen harta.+
3 Terus, Raja ngongkon Aspénaz, yaiku kepala pejabat ing istanané, bèn nggawa sebagéan wong Israèl marang Raja, termasuk sing asalé saka keluarga kerajaan lan keturunané bangsawan.+
-