-
2 Para Raja 24:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Bar kuwi, Yéhoyakhin+ ditawan ing Babilon.+ Raja Babilon ya nggawa ibuné raja, bojoné raja, para pejabat istanané, lan wong-wong penting liyané ing negara kuwi, kabèh digawa saka Yérusalèm kanggo didadèkké tawanan ing Babilon. 16 Raja Babilon ya nawan kabèh pejuang sing cacahé 7.000, lan 1.000 pengrajin logam* lan pengrajin liyané. Kabèh wong sing hébat lan terlatih kanggo perang digawa menyang Babilon.
-
-
Yérémia 24:1Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Terus, Yéhuwah nduduhké marang aku rong kranjang buah ara sing didèlèhké ing ngarep baité Yéhuwah. Kuwi ditindakké sakwisé Yékonia*+ anaké Yéhoyakim,+ yaiku raja Yéhuda, para pejabat Yéhuda, para pengrajin logam,* lan para pengrajin liyané digawa Nébukhadnézar* raja Babilon saka Yérusalèm menyang Babilon+ kanggo didadèkké tawanan.
-