PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • 2 Babad 36:15, 16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé terus-terusan ngélikké wong-wong kuwi liwat para utusané. Wong-wong kuwi bola-bali diélikké, merga Gusti Allah mesakké umaté lan péngin nglindhungi baité. 16 Ning, wong-wong kuwi terus-terusan ngécé para utusané Gusti Allah sing bener,+ nyepèlèkké omongané,+ lan ngrèmèhké nabi-nabiné,+ nganti Yéhuwah nesu banget karo wong-wong kuwi.+ Wong-wong kuwi jahat banget nganti ora isa dikandhani manèh.

  • Yésaya 6:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Gawénen atiné bangsa iki ketutup,+

      Kupingé dadi budheg,+

      Lan mripaté ketutup,

      Bèn mripaté bangsa iki ora isa ndelok,

      Kupingé ora isa ngrungokké,

      Lan atiné ora isa nduwé pemahaman.

      Mula, bangsa iki ora bakal bali manèh marang Aku bèn isa Tak marèkké.”

  • Yérémia 8:21, 22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 21 Atiku remuk merga anak wédok, yaiku bangsaku, wis dihancurké.+

      Aku sedhih banget.

      Aku wedi banget.

      22 Apa ing Giléad+ ora ana balsam?*

      Utawa apa ing kana ora ana dokter?+

      Ngapa kok anak wédok, yaiku bangsaku, ora mari-mari?+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim