-
Yèhèzkièl 18:2-4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 ”Apa maksudé kowé ngomongké peribahasa iki ing Israèl, ’Sing mangan anggur kecut bapaké, ning sing ngilu untuné anak-anaké’?+
3 ”’Aku sumpah demi Aku sing urip,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, ’kowé ora bakal ngomongké peribahasa kuwi manèh ing Israèl. 4 Uripé* kabèh wong kuwi duwèk-Ku, embuh kuwi uripé bapak utawa uripé anak, kabèh duwèk-Ku. Wong* sing nindakké dosa, ya wong kuwi sing bakal mati.
-