PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 26:27, 28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 Terus, Yésus njupuk gelas. Sakwisé ngucap syukur, Yésus mènèhké kuwi marang murid-muridé lan kandha, ”Ngombéa saka gelas iki.+ 28 Iki nglambangké getihku,+ yaiku ’getih kanggo perjanjian’,+ sing bakal diecurké kanggo manfaaté akèh wong+ bèn dosa-dosané diapura.+

  • Lukas 22:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Sakwisé mangan, Yésus ya njupuk gelas kuwi lan kandha, ”Gelas iki nglambangké perjanjian anyar+ sing disahké nganggo getihku,+ sing bakal diecurké kanggo kowé.+

  • 1 Korintus 11:25
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 25 Sakwisé mangan, dhèwèké njupuk gelas+ kuwi lan kandha, ”Gelas iki nglambangké perjanjian anyar+ sing disahké nganggo getihku.+ Terus tindakna iki. Saben kowé ngombé iki, tindakna kuwi kanggo ngéling-éling aku.”+

  • Ibrani 8:8-12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 Ning, Gusti Allah ngerti kekurangané bangsa kuwi wektu Dhèwèké ngomong, ”Yéhuwah* kandha, ’Bakal tekan wektuné, Aku bakal nggawé perjanjian anyar karo wong Israèl lan Yéhuda. 9 Perjanjian iki béda karo perjanjian sing Tak gawé karo nènèk moyangé pas Aku nuntun wong-wong kuwi metu saka Mesir,+ merga wong-wong kuwi ora manut karo perjanjian-Ku, dadi Aku ora ngopèni wong-wong kuwi manèh,’ kandhané Yéhuwah.”*

      10 ”’Iki perjanjian sing bakal Tak gawé karo wong Israèl sakwisé wektu kuwi,’ kandhané Yéhuwah.* ’Hukum-Ku bakal ana ing pikirané wong-wong kuwi lan bakal Tak tulis ing atiné wong-wong kuwi.+ Aku bakal dadi Gusti Allahé wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku.+

      11 ”’Wong-wong kuwi ora bakal mulang seduluré lan wong sing sak bangsa karo dhèwèké nganggo cara kandha, ”Kowé kudu kenal karo Yéhuwah,”* merga kabèh wong kuwi bakal kenal karo Aku, saka rakyat biasa nganti pejabat. 12 Aku bakal ngapura kesalahané wong-wong kuwi, lan dosané ora bakal Tak éling-éling manèh.’”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim