-
Yérémia 50:20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
20 Yéhuwah kandha, ”Wektu kuwi,
Wong-wong bakal nggolèk-nggolèk kesalahané Israèl, ning ora isa nemokké.
Wong-wong ya bakal nggolèk-nggolèk dosané Yéhuda, ning ya ora ketemu
Merga wong-wong sing isih urip kuwi bakal Tak apura.”+
-
-
Ibrani 8:10-12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 ”’Iki perjanjian sing bakal Tak gawé karo wong Israèl sakwisé wektu kuwi,’ kandhané Yéhuwah.* ’Hukum-Ku bakal ana ing pikirané wong-wong kuwi lan bakal Tak tulis ing atiné wong-wong kuwi.+ Aku bakal dadi Gusti Allahé wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku.+
11 ”’Wong-wong kuwi ora bakal mulang seduluré lan wong sing sak bangsa karo dhèwèké nganggo cara kandha, ”Kowé kudu kenal karo Yéhuwah,”* merga kabèh wong kuwi bakal kenal karo Aku, saka rakyat biasa nganti pejabat. 12 Aku bakal ngapura kesalahané wong-wong kuwi, lan dosané ora bakal Tak éling-éling manèh.’”+
-
-
Ibrani 9:15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Kuwi sebabé dhèwèké dadi perantara kanggo perjanjian anyar.+ Dhèwèké dadi perantara bèn wong-wong sing wis dipilih isa nampa janji, yaiku warisan sing ana saklawasé.+ Kabèh kuwi isa kelakon merga dhèwèké wis mati kanggo nebus+ lan mbébaské wong-wong saka pelanggaran sing ditindakké wektu isih ana ing perjanjian sakdurungé.
-