-
1 Para Raja 7:9-12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
9 Kabèh bangunan kuwi digawé saka watu-watu sing larang,+ saka pondhasiné nganti watu témbok sing paling ndhuwur lan bagéan njabané nganti tekan halaman amba. Watu-watu kuwi dikethok nurut ukuran sing wis ditentokké, lan kabèh sisihé watu kuwi diratakké nganggo graji watu.+ 10 Pondhasi-pondhasiné digawé saka watu-watu sing larang lan gedhé banget. Ana sing sepuluh hasta, lan ana sing wolung hasta. 11 Ing ndhuwuré pondhasi kuwi, ana watu-watu sing larang sing dikethok nurut ukuran sing wis ditentokké. Kayu-kayu aras ya digunakké. 12 Ing sak ubengé halaman amba, ana témbok sing digawé saka watu telung lapis sing wis dikethok lan balok kayu aras sak lapis, padha kaya témbok halaman njeroné+ omahé Yéhuwah lan serambi omah kuwi.+
-