24 Terus, Yéhuwah nggawé udan geni lan belérang ing Sodom lan Gomora. Udan kuwi saka langit,+ saka Yéhuwah. 25 Gusti Allah ngremuk kutha-kutha kuwi, malah kabèh dhaérah kuwi, termasuk kabèh penduduk lan tandurané.+
12 Njenengan nindakké apa sing wis Njenengan omongké marang aku+ lan para pemimpin sing mimpin aku.* Njenengan mènèhi aku lan bangsaku bencana sing medèni banget. Ing bumi iki, durung tau ana bencana kaya sing dialami Yérusalèm.+