-
Yérémia 44:12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Aku bakal nggawé wong Yéhuda sing isih urip, sing padha ngèyèl arep lunga menyang Mesir lan manggon ing kana, bèn padha mati ing Mesir.+ Wong-wong kuwi bakal dipatèni nganggo pedhang lan mati merga kelaparan. Saka rakyat biasa nganti pejabat, kabèh bakal mati merga pedhang lan kelaparan. Wong-wong bakal ngutuk, ngécé, lan ngrèmèhké wong-wong kuwi. Wong-wong ya bakal wedi pas ngerti sing dialami wong-wong kuwi.+
-
-
Yèhèzkièl 17:17, 18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Kabèh tentara sing ana ing pasukané Firaun ora bakal isa nulungi+ dhèwèké pas pasukané Babilon mbangun kubu lan témbok pengepungan bèn isa matèni akèh wong. 18 Dhèwèké ngrèmèhké sumpah lan nglanggar perjanjian. Senajan wis janji, dhèwèké tetep nindakké kuwi kabèh. Dhèwèké ora bakal lolos.”’
-