-
Yèhèzkièl 25:6, 7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Kowé keplok-keplok+ lan jingkrak-jingkrak karo seneng. Kowé malah seneng lan ngécé pas ndelok Israèl susah.+ 7 Mula, Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan kowé lan nyerahké kowé marang bangsa-bangsa liya bèn dijarah. Kowé bakal Tak singkirké bèn ora dadi bangsa manèh, lan kowé bakal Tak singkirké saka antarané negara-negara.+ Kowé bakal Tak singkirké, lan kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’
-