PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yèhèzkièl 25:12, 13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 ”Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Édom wis ngukum wong Yéhuda. Kesalahané Édom kuwi gedhé banget merga wis balas dendam marang wong Yéhuda.+ 13 Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku bakal nggunakké kekuwatan-Ku kanggo nglawan Édom. Aku bakal matèni wong Édom lan ternaké, lan tanahé bakal telantar.+ Kabèh penduduké Édom, saka Téman tekan Dédan, bakal Tak patèni nganggo pedhang.+

  • Yèhèzkièl 35:10, 11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 ”Kowé kandha, ’Bangsa loro lan negara loro iki bakal dadi duwèké awaké dhéwé, lan loro-loroné bakal awaké dhéwé rebut,’+ padahal Yéhuwah ana ing kono. 11 ’Kuwi sebabé Aku sumpah demi Aku sing urip,’ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah, ’Aku bakal mbales kowé merga kowé wis nesu, cemburu, lan sengit karo umat-Ku. Pas Aku ngadili kowé,+ umat-Ku bakal ngerti sapa Aku iki.

  • Amos 1:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Iki sing diomongké Yéhuwah,

      ’Merga Édom wis bola-bali* mbrontak,+ Aku ora bakal ngubah keputusan-Ku.

      Dhèwèké wis ngoyak* seduluré karo nggawa pedhang,+

      Lan dhèwèké ya ora nduwé rasa mesakké. Karo nesu, dhèwèké nyabik-nyabik sedulur-seduluré,

      Lan dhèwèké tetep nesu karo wong-wong kuwi.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim