PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésaya 51:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  3 Aku, Yéhuwah, bakal nggawé Zion+ dadi seneng.

      Aku bakal mbangun manèh* kabèh reruntuhané.+

      Padhang belantarané bakal Tak dadèkké kaya Èden,+

      Lan padhang pasiré bakal Tak dadèkké kaya tamané Yéhuwah.+

      Wong-wong ing Zion bakal ngrasa seneng,

      Ngucap syukur, lan nyanyi lagu sing apik.+

  • Yérémia 30:18, 19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Iki sing diomongké Yéhuwah:

      ”Aku bakal nglumpukké keturunané Yakub sing ditawan.+

      Aku bakal mesakké wong-wong kuwi, lan panggonané bakal Tak pulihké.

      Kutha kuwi bakal dibangun manèh ing panggonané mbiyèn,+

      Lan menarané sing ana bèntèngé bakal ngadeg ing panggonané.

      19 Wong-wong kuwi bakal ngucap syukur lan ngguyu.+

      Aku bakal nggawé wong-wong kuwi dadi saya akèh lan jumlahé wong-wong kuwi ora bakal dadi sithik.+

      Aku bakal nggawé wong-wong kuwi tambah akèh,*

      Lan wong-wong kuwi ora bakal dirèmèhké.+

  • Amos 9:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Umat-Ku Israèl sing ditawan bakal Tak gawa mulih.+

      Wong-wong kuwi bakal mbangun manèh kutha-kutha sing ditelantarké lan manggon ing kono.+

      Wong-wong kuwi bakal nggawé kebon anggur lan ngombé angguré.+

      Wong-wong kuwi ya bakal nggawé kebon lan mangan buahé.’+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim