PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Ézra 9:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Aku kandha, ”Oh Gusti Allahku, aku isin lan ngrasa ora pantes ndonga marang Njenengan, merga kesalahanku lan kesalahané bangsaku wis numpuk nganti ngluwihi sirahku. Pelanggaranku lan pelanggarané bangsaku ya wis tumpuk-tumpuk nganti tekan langit.+

  • Néhémia 9:26
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 26 ”Ning, wong-wong kuwi ora manut, mbrontak nglawan Njenengan,+ lan ninggalké Hukumé Njenengan. Nabi-nabiné Njenengan sing wis ngélikké wong-wong kuwi bèn padha bali marang Njenengan malah dipatèni. Wong-wong kuwi bener-bener ora ngajèni Njenengan.+

  • Yérémia 31:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 ”Aku jelas-jelas krungu Éfraim sambat karo sedhih,

      ’Aku kaya anak sapi sing durung dilatih,

      Ning Njenengan ngandhani aku, lan aku ya gelem dikandhani.

      Bantunen aku bèn ora nindakké manèh apa sing jahat, lan aku ya bakal nindakké kuwi,

      Merga Njenengan kuwi Yéhuwah Gusti Allahku.

  • Yèhèzkièl 6:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Pas ditawan ing antarané bangsa-bangsa, wong-wong sing slamet kuwi bakal éling karo Aku.+ Wong-wong kuwi bakal sadhar nèk Aku sedhih banget merga wong-wong kuwi ora setya lan ngianati Aku+ lan merga wong-wong kuwi péngin banget nyembah brahala sing njijiki.+ Wong-wong kuwi bakal kisinan lan jijik karo kabèh tumindaké sing jahat lan njijiki.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim