-
Yèhèzkièl 11:19, 20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 Aku bakal nggawé kabèh wong kuwi bersatu,+ lan wong-wong kuwi bakal Tak wènèhi sifat-sifat sing anyar.+ Atiné sing atos kaya watu+ bakal Tak buwang, terus Tak ganti nganggo ati sing lembut,*+ 20 bèn wong-wong kuwi nindakké peraturan-Ku lan manut hukum-Ku. Mula wong-wong kuwi bakal dadi umat-Ku, lan Aku bakal dadi Gusti Allahé.”’
-
-
Yèhèzkièl 43:7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Wong lanang kuwi kandha,*
”Hé anaké manungsa, iki takhta-Ku+ lan panggonan-Ku ndèlèhké tlapak sikil-Ku.+ Ing kéné, Aku bakal manggon bareng karo wong Israèl saklawasé.+ Bangsa Israèl lan raja-rajané ora bakal nggawé jeneng-Ku sing suci dadi najis manèh+ nganggo tumindaké sing ora setya lan nganggo brahala-brahalané sing disembah kaya raja.*
-