PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yèhèzkièl 38:4-6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Aku bakal nggèrèt kowé lan masang kait ing rahangmu,+ terus nggawa kowé metu bareng karo kabèh pasukanmu,+ yaiku jaran lan sing numpak. Kuwi pasukan sing akèh banget, sing nggawa tamèng gedhé, tamèng cilik,* lan pedhang. Kabèh padha nganggo klambi apik. 5 Pèrsia, Étiopia, lan Put+ ya mèlu pasukan kuwi. Kabèh padha nggawa tamèng cilik lan tutup sirah. 6 Gomèr lan pasukané bareng karo keturunané Togarma+ saka bagéan sing paling adoh ing lor lan pasukané ya padha mèlu. Ana akèh bangsa sing mèlu kowé.+

  • Hagai 2:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Aku bakal nyingkirké takhtané kerajaan-kerajaan lan nyingkirké kekuwatan kerajaané bangsa-bangsa.+ Aku bakal nyingkirké kréta perang lan sing numpaki. Jaran-jarané bakal padha tiba, lan sing numpaki bakal patèn-patènan nganggo pedhang.’”+

  • Wahyu 19:17, 18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Aku ya ndelok ana malaékat sing ngadeg ing ngarepé matahari. Dhèwèké nyeluk kabèh manuk sing mabur ing langit nganggo swara banter, ”Ayo mréné. Nglumpuka ing pésta gedhé sing disiapké Gusti Allah.+ 18 Kowé isa mangan dagingé para raja, dagingé para komandan militèr, dagingé wong-wong sing kuwat,+ dagingé jaran-jaran lan sing numpak,+ lan dagingé kabèh wong, embuh kuwi wong merdéka utawa budhak, wong biasa utawa wong penting.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim