-
1 Babad 9:26, 27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 Ana papat kepala penjaga gerbang* sing isa dipercaya kanggo tugas kuwi. Wong-wong kuwi wong Lèwi sing éntuk tugas ngawasi ruangan-ruangan* lan panggonan kanggo nyimpen harta ing omahé Gusti Allah sing bener.+ 27 Wong-wong kuwi ana ing sak ubengé omahé Gusti Allah sing bener sewengi muput kanggo nindakké tugas jaga. Wong-wong kuwi sing nyekel kunci lan bakal mbukak lawang omah kuwi saben ésuk.
-