-
Wilangan 3:6-8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 ”Kongkonen wong Lèwi+ maju lan ngadeg ing ngarepé Imam Harun. Wong Lèwi bakal dadi pelayané+ Harun. 7 Wong Lèwi kudu nindakké tanggung jawabé marang Harun lan marang kabèh wong Israèl ing ngarepé kémah pertemuan nganggo cara nglayani ing tabernakel. 8 Wong Lèwi kudu ngurusi kabèh perlengkapan+ kémah pertemuan lan nindakké tanggung jawabé marang wong Israèl nganggo cara nglayani ing tabernakel.+
-
-
1 Babad 9:22, 23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Kabèh wong sing dipilih dadi penjaga gerbang jumlahé 212. Wong-wong kuwi manggon ing panggonané sesuai daftar silsilahé wong-wong kuwi.+ Daud lan Samuèl sing isa ngerti wahyu+ mènèhi tugas kuwi marang wong-wong kuwi merga wong-wong kuwi isa dipercaya. 23 Wong-wong kuwi lan anak-anaké lanang ngawasi gerbang-gerbang omahé Yéhuwah,+ yaiku tabernakel.*
-