PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 6:12, 13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Geni ing mézbah kuwi kudu murub terus, ora éntuk mati. Saben ésuk, imam kudu ndèlèhké kayu ing ndhuwur geni kuwi lan ndèlèhké persembahan bakaran+ ing ndhuwuré. Gajih korban kerukunan* kudu dibakar ing ndhuwuré persembahan bakaran.+ 13 Geni ing mézbah kudu dijaga bèn murub terus, aja nganti mati.

  • Wilangan 18:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Kowé, anak-anakmu lanang, lan kabèh keturunanmu kudu nindakké tugas ing panggonan suci+ lan ing mézbah,+ bèn Aku ora nesu manèh+ marang wong Israèl.

  • 2 Babad 13:10, 11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Ning kanggoku, Yéhuwah kuwi Gusti Allahku,+ lan aku ora ninggalké Dhèwèké. Imam-imamku, yaiku keturunané Harun, nglayani Yéhuwah, lan wong-wong Lèwi mbantu gawéané para imam kuwi. 11 Wong-wong kuwi nggawé asap persembahan bakaran kanggo Yéhuwah saben ésuk lan soré.+ Wong-wong kuwi ya mbakar dupa wangi,+ ndèlèhké roti persembahan*+ ing méja saka emas murni, lan ngurubké lampu ing wadhah lampu saka emas+ saben soré.+ Aku nindakké tanggung jawabku marang Yéhuwah Gusti Allahku, ning kowé malah ninggalké Dhèwèké.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim