-
Wilangan 16:39, 40Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
39 Mula, Imam Èléazar njupuki wadhah-wadhah bara saka tembaga duwèké wong-wong sing diobong mau. Wadhah bara kuwi dibentuk nganggo palu dadi lèmpèngan tipis kanggo nglapisi mézbah, 40 kaya sing diomongké Yéhuwah liwat Musa. Kuwi bakal dadi pangéling-éling kanggo wong Israèl nèk ora ana wong sing éntuk nyedhak kanggo ngobong dupa ing ngarepé Yéhuwah+ sakliyané keturunané Harun, lan ora ana sing éntuk niru Korah lan para pendukungé.+
-
-
Yèhèzkièl 44:15, 16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 ”Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah kandha, ’Pas wong Israèl ninggalké Aku,+ para imam Lèwi keturunané Zadok+ tetep nindakké tugas ing bait-Ku. Mula, para imam kuwi bakal nglayani Aku lan ngadeg ing ngarep-Ku kanggo mènèhké persembahan, yaiku gajih+ lan getih.+ 16 Wong-wong kuwi sing bakal mlebu menyang bait-Ku lan nglayani Aku ing mézbah-Ku.+ Wong-wong kuwi bakal nindakké tugas sing wis Tak préntahké.’+
-