-
1 Para Raja 6:31-35Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
31 Dhèwèké nggawé lawang loro saka kayu pinus, tugu-tugu samping, lan kusèn lawang kanggo dalan mlebu menyang ruangan paling njero. Kuwi dadi bagéan kelima.* 32 Lawang loro kuwi digawé saka kayu pinus, terus diukir gambar kerub, wit palem, lan kembang sing mekar. Bar kuwi, dilapisi emas. Dhèwèké nggunakké palu kanggo nglapisi ukiran kerub lan wit palem kuwi nganggo emas. 33 Kanggo dalan mlebu menyang bait, dhèwèké nggawé kusèn lawang saka kayu pinus nganggo cara sing padha. Kuwi dadi bagéan kepapat.* 34 Dhèwèké nggawé lawang loro saka kayu juniper. Saben lawang kuwi nduwé papan loro sing isa dilempit.+ 35 Dhèwèké ngukir gambar kerub, wit palem, lan kembang sing mekar, terus nglapisi ukiran-ukiran kuwi nganggo emas.
-