-
Yérémia 30:10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 ”Kowé Yakub, abdi-Ku, aja wedi,” kandhané Yéhuwah,
”Hé Israèl, kowé ya aja wedi.+
Aku bakal mbébaské kowé saka panggonan sing adoh
Lan mbébaské keturunanmu saka tanah panggonané wong-wong kuwi ditawan.+
Yakub bakal bali lan ngrasa aman tanpa gangguan.
Ora ana sing bakal nggawé wong-wong kuwi wedi.”+
-
-
Yérémia 44:28Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
28 Mung sithik sing bakal lolos saka pedhang lan bali saka Mesir menyang Yéhuda.+ Terus, kabèh wong Yéhuda sing isih urip, sing padha lunga menyang Mesir merga arep manggon ing kana, bakal ngerti omongané sapa sing kelakon, omongan-Ku apa omongané wong-wong kuwi.”’”
-
-
Yèhèzkièl 14:22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Ning, ana wong sithik sing bakal slamet lan metu saka kono,+ embuh kuwi anak lanang utawa anak wédok. Wong-wong kuwi bakal marani kowé, lan pas kowé ndelok kelakuan lan tumindaké, kowé bakal ngrasa lega merga ngerti kenapa Aku nyebabké ana bencana ing Yérusalèm lan kenapa Aku nindakké kuwi kabèh.’”
-