-
2 Para Raja 23:8, 9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
8 Terus, dhèwèké nggawa kabèh imam metu saka kutha-kutha Yéhuda bèn isa nggawé panggonan-panggonan dhuwur* dadi najis, saka Géba+ nganti Béèr-syéba,+ yaiku panggonan sing digunakké para imam kuwi kanggo nggawé asap korban. Dhèwèké ya ngambrukké panggonan-panggonan dhuwur ing gerbang Yosua pemimpin kutha kuwi, sing ana ing sisih kiwa wektu wong-wong mlebu gerbang kutha. 9 Para imam sing ditugaské ing panggonan-panggonan dhuwur* kuwi ora nglayani ing mézbahé Yéhuwah ing Yérusalèm,+ ning para imam kuwi biasa mangan roti tanpa ragi bareng karo sedulur-seduluré.
-
-
Néhémia 9:34Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
34 Para rajaku, para pemimpinku, para imamku, lan nènèk moyangku ora manut karo Hukumé Njenengan lan ora nggatèkké préntah lan pangéling-éling* saka Njenengan, sing Njenengan sampèkké kanggo ngélikké wong-wong kuwi.
-
-
Yèhèzkièl 8:5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Terus Dhèwèké kandha marang aku, ”Hé anaké manungsa, ndeloka ngalor.” Terus aku ndelok ngalor. Ing loré gerbang sing ngarah ing mézbah, ing dalan mlebuné, aku ndelok ana patung brahala sing nggawé Gusti Allah nesu.
-