-
Yèhèzkièl 45:24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Dhèwèké ya kudu nyedhiakké persembahan biji-bijian, yaiku sak éfa tepung kanggo saben sapi lanang enom lan sak éfa tepung kanggo saben domba lanang, lan sak hin* minyak kanggo saben éfa tepung.
-
-
Yèhèzkièl 46:6, 7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Pas bulan anyar, persembahan sing kudu mbok wènèhké yaiku sapi lanang enom siji sing séhat, anak domba lanang enem, lan domba lanang siji. Kabèh kudu sing séhat.+ 7 Kanggo sapi lanang enom kuwi, dhèwèké kudu mènèhké sak éfa tepung dadi persembahan biji-bijian. Kanggo domba lanang kuwi, dhèwèké kudu mènèhké sak éfa tepung. Kanggo anak-anak domba lanang mau, dhèwèké kudu mènèhké apa waé sing isa diwènèhké. Dhèwèké ya kudu mènèhké sak hin minyak bareng karo saben éfa tepung.
-