19 Nèk arep lunga menyang halaman njaba, yaiku panggonan sing akèh wongé, para imam keturunané Zadok kudu nyopot klambi sing dienggo pas nindakké tugas,+ ndèlèhké kuwi ing ruang makan sing suci,+ terus salin nganggo klambi liyané. Kuwi bèn umat ora dadi suci merga klambi mau.