-
Yèhèzkièl 47:15-17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 ”Iki batas dhaérahé tanah kuwi ing sisih lor: Dimulai saka Laut Besar. Batasé isih terus ngliwati dalan menyang Hétlon+ lan terus menyang Zédad,+ 16 Hamat,+ Bérota,+ lan Sibraim, sing ana ing antarané dhaérah Damaskus lan Hamat, terus menyang Hazèr-hatikon ing dhaérah Hauran.+ 17 Batasé isih terus saka laut menyang Hazar-énon.+ Batasé isih terus manèh ing perbatasan Damaskus sisih lor lan perbatasan Hamat.+ Kuwi batas sisih lor.
-