-
Yèhèzkièl 16:17, 18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Kowé ya njupuk perhiasan saka emas lan pérak sing Tak wènèhké marang kowé, terus kuwi mbok gunakké kanggo nggawé patung-patung wong lanang, lan kowé melacur karo patung-patung kuwi.+ 18 Kowé nganggokké klambi-klambimu sing disulam marang patung-patung kuwi. Minyak-Ku lan dupa-Ku ya mbok wènèhké marang patung-patung kuwi.+
-