-
Yèhèzkièl 10:15-17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Kuwi malaékat-malaékat sing padha karo sing tak delok ing Kali Khébar.+ Kerub-kerub kuwi isa munggah. 16 Nèk kerub-kerub kuwi mlaku, rodha-rodha kuwi ya mèlu mlaku ing sampingé. Nèk kerub-kerub kuwi ngegarké sayapé bèn isa mabur dhuwur, rodha-rodha kuwi ora bakal ménggak-ménggok utawa pindhah saka sampingé kerub-kerub mau.+ 17 Nèk kerub-kerub kuwi mandheg, rodha-rodha kuwi ya mèlu mandheg. Nèk kerub-kerub kuwi munggah, rodha-rodha kuwi ya mèlu munggah bareng kerub-kerub kuwi, sebab roh suci sing ngarahké malaékat-malaékat kuwi ya ana ing rodha-rodha kuwi.
-