-
Yèhèzkièl 1:15-18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
15 Pas aku lagi nggatèkké malaékat-malaékat kuwi, aku ndelok ana rodha ing sampingé saben malaékat sing nduwé wajah papat kuwi.+ Rodha-rodha kuwi ana ing lemah. 16 Kabèh rodha kuwi kétok bersinar kaya watu krisolit. Papat-papaté bentuké padha. Ing saben rodha, ana rodha manèh sing nyilang.* 17 Pas mlaku, rodha-rodha kuwi isa ing endi waé lan ora perlu ménggak-ménggok. 18 Rodha-rodha kuwi dhuwur banget lan kétok luar biasa. Ing sak ubengé rodha kuwi kebak mripat.+
-