-
Yésaya 11:11, 12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Pas kuwi, Yéhuwah bakal nduduhké kuwasané pisan manèh kanggo ngumpulké umaté sing slamet saka Asiria,+ Mesir,+ Patros,+ Kus,+ Élam,+ Syinar,* Hamat, lan saka pulau-pulau sing ana ing laut.+ 12 Dhèwèké bakal mènèhi tandha* kanggo bangsa-bangsa lan ngumpulké wong Israèl sing mencar-mencar,+ lan Dhèwèké bakal ngumpulké wong Yéhuda sing mencar-mencar ing bumi.+
-
-
Yérémia 30:10, 11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 ”Kowé Yakub, abdi-Ku, aja wedi,” kandhané Yéhuwah,
”Hé Israèl, kowé ya aja wedi.+
Aku bakal mbébaské kowé saka panggonan sing adoh
Lan mbébaské keturunanmu saka tanah panggonané wong-wong kuwi ditawan.+
Yakub bakal bali lan ngrasa aman tanpa gangguan.
Ora ana sing bakal nggawé wong-wong kuwi wedi.”+
11 Yéhuwah kandha, ”Aku ndhukung kowé kanggo nylametké kowé.
Ing bangsa ngendi waé kowé Tak sebar,+ Aku bakal nyingkirké kabèh bangsa kuwi.
Ning, kowé ora bakal Tak singkirké.+
Kowé bakal tetep Tak hukum,+
Ning Aku bakal ngukum kowé nganggo cara sing bener.”
-
-
Yèhèzkièl 34:13, 14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Domba-domba-Ku bakal Tak gawa metu saka bangsa-bangsa lan Tak klumpukké saka akèh negara. Domba-domba kuwi bakal Tak gawa bali menyang negarané lan Tak wènèhi pangan ing gunung-gunung Israèl,+ ing cedhak kali-kali, lan ing kabèh dhaérah sing dienggoni ing negara kuwi. 14 Aku bakal mènèhi pangan domba-domba-Ku ing padhang rumput sing apik. Domba-domba-Ku bakal mangan suket ing gunung-gunung Israèl sing dhuwur.+ Domba-domba-Ku bakal manggon ing kana, ing padhang rumput sing apik.+ Domba-domba-Ku bakal mangan suket sing paling apik ing gunung-gunung Israèl.”
-
-
Amos 9:14, 15Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Umat-Ku Israèl sing ditawan bakal Tak gawa mulih.+
Wong-wong kuwi bakal mbangun manèh kutha-kutha sing ditelantarké lan manggon ing kono.+
Wong-wong kuwi bakal nggawé kebon anggur lan ngombé angguré.+
Wong-wong kuwi ya bakal nggawé kebon lan mangan buahé.’+
15 ’Aku bakal nandur wong-wong kuwi ing tanahé,
Yaiku tanah sing wis Tak wènèhké marang wong-wong kuwi.
Wong-wong kuwi ora bakal dicabut manèh saka kono,’+ kandhané Yéhuwah Gusti Allahmu.”
-