-
Purwaning Dumadi 38:24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 Kira-kira telung sasi sakwisé, Yéhuda dikabari, ”Tamar mantumu dadi pelacur, lan gara-gara kuwi dhèwèké meteng.” Mula Yéhuda kandha, ”Gawanen metu lan bakaren dhèwèké.”+
-
-
Kaimaman 20:10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
10 ”’Iki hukum soal wong lanang sing laku jina karo bojoné wong liya: Wong lanang sing laku jina karo bojoné wong liya kudu dipatèni. Wong lanang lan wong wédok sing laku jina kuwi loro-loroné kudu dipatèni.+
-
-
Pangandharing Torèt 22:22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 ”Nèk ana wong lanang sing konangan lagi nindakké hubungan sèks karo bojoné wong liya, loro-loroné kudu dipatèni, yaiku wong lanang lan wong wédok sing nindakké hubungan sèks kuwi.+ Kabèh sing jahat kudu mbok singkirké saka Israèl.
-