-
Pangentasan 13:17, 18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Wektu Firaun ngéntukké wong Israèl lunga, Gusti Allah ora nggawa wong-wong kuwi liwat tanahé wong Filistin senajan luwih cedhak. Gusti Allah kandha, ”Nèk wong-wong kuwi kudu perang, isa waé wong-wong kuwi gela lan péngin bali manèh ing Mesir.” 18 Dadi, Gusti Allah ngongkon wong-wong kuwi muter liwat dalan ing padhang belantara cedhak Laut Merah.+ Wektu metu saka Mesir, wong Israèl nggawé barisan sing teratur kaya pasukan prajurit.
-
-
Pangentasan 15:22Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 Terus, Musa mimpin wong Israèl lunga saka Laut Merah menyang Padhang Belantara Syur. Wong-wong kuwi telung dina mlaku ing padhang belantara, tapi wong-wong kuwi ora nemokké banyu.
-