PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 20:8-10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 8 ”Aja lali ngrayakké dina Sabat bèn kuwi tetep suci.+ 9 Kowé éntuk kerja enem dina,+ 10 tapi ing dina kepitu kowé ora éntuk kerja merga kuwi sabat kanggo Yéhuwah Gusti Allahmu. Anakmu lanang, anakmu wédok, budhakmu lanang, budhakmu wédok, ternakmu, lan wong asing sing manggon ing kuthamu* ya ora éntuk kerja.+

  • Kaimaman 23:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 ”’Enem dina suwéné kowé éntuk nyambut gawé, ning dina kepitu kuwi sabat, yaiku dina istirahat.+ Dina kuwi kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah. Kowé aja nyambut gawé babar blas. Ing endi waé kowé manggon, dina kuwi sabat kanggo Yéhuwah.+

  • Kaimaman 23:24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 ”Kowé kudu kandha marang wong Israèl, ’Ing dina pertama sasi kepitu, kowé kudu istirahat saka kabèh gawéanmu. Dina kuwi bakal diumumké nganggo trompèt+ sing disebul bèn kowé padha éling nèk dina kuwi kowé kudu ngumpul kanggo ngibadah marang Gusti Allah.

  • Kaimaman 25:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Ning, ing taun kepitu, tanahé aja mbok garap merga kuwi sabat kanggo Yéhuwah. Aja nyebar benih ing ladhang utawa ngethoki wit anggurmu.

  • Kaimaman 25:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Taun ke-50 kuwi taun Yobèl kanggo kowé. Kowé aja nyebar benih, aja manèn apa waé sing thukul dhéwé saka biji-bijian sisa panèn, lan aja manèn buah anggur saka wit anggur sing ora mbok kethoki.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim