PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yérémia 1:18, 19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Dina iki Aku nggawé kowé dadi kaya kutha sing ana bèntèngé,

      Kaya cagak wesi lan témbok saka tembaga, bèn kowé isa ngadhepi negara iki,+

      Raja-raja Yéhuda lan para pemimpiné,

      Para imamé lan rakyat negara iki.+

      19 Wong-wong kuwi mesthi bakal nglawan kowé,

      Ning wong-wong kuwi ora bakal menang,

      Merga Aku, Yéhuwah, kandha, ’Aku ndhukung kowé+ kanggo nylametké kowé.’”

  • Yérémia 15:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 ”Aku ndadèkké kowé kaya témbok tembaga sing kuwat ing antarané bangsa iki.+

      Wong-wong kuwi mesthi bakal nglawan kowé,

      Ning ora bakal isa ngalahké kowé,+

      Sebab Aku ndhukung kowé kanggo nylametké lan mbébaské kowé,” kandhané Yéhuwah.

  • Mikha 3:8
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  8 Ning, aku nduwé kekuwatan sing gedhé merga roh suciné Yéhuwah

      Bèn aku isa tumindak adil lan kendel

      Wektu ngandhani Yakub soal kejahatané lan ngandhani Israèl soal dosané.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim