PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 32:1
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 32 Wong Israèl ngrasa nèk Musa suwé banget ing gunung,+ ora ndang mudhun-mudhun. Mula, wong-wong kuwi nemoni Harun lan kandha, ”Tulung gawèkna allah kanggo aku,+ merga Musa, wong sing mimpin awaké dhéwé metu saka Mesir, ora ana kabaré.”

  • Pangentasan 32:4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 4 Anting-anting kuwi ditampa Harun, terus dibentuk dadi patung anak sapi*+ nganggo alat ukir. Bangsa kuwi kandha, ”Wong Israèl, iki Gusti Allahé awaké dhéwé, sing nggawa awaké dhéwé metu saka Mesir.”+

  • 1 Para Raja 12:28, 29
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 28 Sakwisé omong-omongan karo para penaséhaté, Raja nggawé anak sapi loro saka emas+ lan kandha marang rakyat, ”Wong Israèl, ora usah angèl-angèl lunga menyang Yérusalèm, iki Gusti Allahmu sing nggawa kowé metu saka Mesir.”+ 29 Sing siji didèlèhké ing Bètel,+ lan sing sijiné manèh ing Dan.+

  • 2 Para Raja 10:29
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 29 Ning, Yéhu terus nindakké dosa kaya sing ditindakké wong Israèl merga pengaruhé Yéroboam anaké Nébat. Yéhu ora nyingkirké patung anak sapi sing ana ing Bètel lan ing Dan.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim