-
Yèhèzkièl 16:46, 47Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
46 ”’Mbakyumu kuwi Samaria,+ sing manggon ing lor* bareng karo anak-anaké wédok.*+ Adhimu wédok kuwi Sodom,+ sing manggon ing kidul* bareng karo anak-anaké wédok.+ 47 Kowé ora mung niru kelakuané lan kebiasaané sing njijiki. Ning ora let suwé, kelakuanmu dadi luwih bejat timbang mbakyu lan adhimu kuwi.+
-