-
Yèhèzkièl 18:24Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
24 ”’Ning, nèk ana wong bener sing ora nindakké apa sing bener manèh lan malah nindakké sing salah, terus dhèwèké nindakké kabèh sing njijiki sing ditindakké wong jahat, apa dhèwèké bakal tetep urip? Kabèh tumindaké sing bener ora bakal ana sing diéling-éling.+ Dhèwèké bakal mati merga ora manut lan nindakké dosa.+
-
-
Yèhèzkièl 18:26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 ”’Nèk ana wong bener sing ora nindakké apa sing bener manèh lan malah nindakké sing salah, wong kuwi bakal mati merga tumindaké. Dhèwèké bakal mati merga kesalahané dhéwé.
-
-
Yèhèzkièl 33:12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 ”Hé kowé anaké manungsa, ngomonga marang bangsamu, ’Nèk ana wong bener sing mbrontak,+ wong kuwi ora bakal isa dislametké senajan wis tau nindakké sing bener. Nèk ana wong jahat sing mertobat, wong kuwi ora bakal dihukum senajan wis tau nindakké sing jahat.+ Pas wong bener nindakké dosa,+ wong kuwi bakal tetep mati senajan wis tau nindakké sing bener.
-
-
Yèhèzkièl 33:18Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 ”Nèk ana wong bener sing ora nindakké apa sing bener manèh ning malah nindakké sing salah, dhèwèké kudu mati merga tumindaké sing salah kuwi.+
-