-
Yésaya 36:6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Mesir sing mbok endelké kuwi kaya suket dhuwur sing tugel, sing bakal nusuk lan nembus tlapak tangané wong sing sèndhèran ing kono. Kuwi sing bakal ditindakké Firaun raja Mesir marang kabèh wong sing ngendelké dhèwèké.+
-
-
Yérémia 37:5-7Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
5 Wektu kuwi, wong Khaldéa lagi ngepung Yérusalèm, ning ora sida nyerang Yérusalèm+ merga krungu laporan nèk pasukané Firaun teka saka Mesir.+ 6 Bar kuwi, Yéhuwah kandha marang Yérémia, 7 ”Iki sing diomongké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl: ’Iki sing kudu mbok omongké marang raja Yéhuda sing ngongkon kowé bèn njaluk tuntunan saka Aku: ”Pasukané Firaun sing teka kanggo mbantu kowé bakal bali menyang tanahé, yaiku Mesir.+
-
-
Yèhèzkièl 17:17Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
17 Kabèh tentara sing ana ing pasukané Firaun ora bakal isa nulungi+ dhèwèké pas pasukané Babilon mbangun kubu lan témbok pengepungan bèn isa matèni akèh wong.
-