-
Yérémia 43:11-13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 Dhèwèké bakal teka lan nyerang Mesir.+ Ana sing bakal kena wabah penyakit sing parah, ana sing bakal ditawan, lan ana sing bakal dipatèni nganggo pedhang.+ 12 Aku bakal ngobong kuil-kuil déwané wong Mesir.+ Raja kuwi bakal ngobong kuil-kuil mau, lan déwa-déwané bakal ditawan. Raja kuwi bakal gampang banget ngrebut Mesir, kaya gembala sing gampang banget nganggo klambiné. Raja kuwi bakal lunga saka kana tanpa ana perlawanan. 13 Dhèwèké bakal ngremuk tugu-tugu* Bèt-syèmès* sing ana ing Mesir. Kuil-kuil déwané wong Mesir bakal diobong.”’”
-