-
Yèhèzkièl 29:19, 20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
19 ”Kuwi sebabé iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ’Aku bakal nyerahké Mesir marang Nébukhadnézar* raja Babilon.+ Dhèwèké bakal njupuk kekayaané Mesir lan njarah barang-barangé. Kuwi kabèh bakal dadi upah kanggo pasukané.’
20 ”’Mesir bakal Tak wènèhké dhèwèké dadi bayaran, merga Aku nggunakké dhèwèké kanggo nglawan Tirus,’+ kandhané Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah.
-