-
Danièl 2:47, 48Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
47 Raja kandha marang Danièl, ”Gusti Allahmu kuwi bener-bener Gusti Allah sing luwih unggul timbang allah-allah liyané, penguasané para raja, lan Sing Nyingkapké rahasia, merga Dhèwèké nggawé kowé isa nyingkapké rahasia iki.”+ 48 Terus, Raja mènèhi Danièl jabatan sing dhuwur lan hadiah sing akèh. Dhèwèké didadèkké penguasané kabèh Provinsi ing Babilon+ lan kepalané para pejabat sing ngawasi kabèh wong wicaksana ing Babilon.
-